Senin, 03 Februari 2014

Lyric lagu Madkhurrosul



*(Kebo sapi)*
صَلِّ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ
وَالْاَلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَا
Ayo do ngurangi nonton televise
Timbang nonton TV luwih becik ngaji
Jam’iyyah Madkhurrosul wadah kanggo ngaji
Kumpul poro kyai lan poro santri
    Ayo bareng-bareng mangkat pengajian
    Kanthi ati seneng arep Sholawatan
    Ngajak tonggo-tonggo nganakne rombongan
    Colt brondol di sewo urun mangewunan
Lanang karo wadon podho keluyuran
Pamit nang wong tuo jare pengajian
Ing nyatane malah dho pacar-pacaran
Budhal soko ngaji do bonceng-boncengan
            Akeh bocah podho matur tahlilan bid’ah
            Akeh bocah podho matur yasinan bid’ah
            Bapak ibu ora jawab sebabe susah
            Durung-durung anak iki kok ora genah
Akeh mantu podho matur sholawatan duso
Akeh mantu podho matur wiridan duso
Moro tuo ora jawab sebabe kroso
Durung-durung mantu iki ternyata loro
               Sholat limang wektu ayo podo njogo
               Jama’ah ing masjid bareng sa’keluargo
               Urip kroso enteng naliko ing dunyo
               Ganjarane gedhe manggon ing suwargo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar